artikel jawa
Sugeng rawuh para wikiwan saha wikiwati! Warung kopi puniki arupi satunggiling forum wonten pundi panjenengan sedaya saged maringi komentar punapa kémawon, saran utawi uneg-uneg. Kanggé masalah ingkang langkung njlimet panjenengan saged ugi langsung ngubungi para pengurus Wikipedia. Menawi panjenengan maringi komentar, sampun kesupèn ngetik ~~~~, kaping sekawan tandha ombak (tilde), supados jatidhiri panjenengan kaliyan tanggal panyeratan saged katingal. Matur nuwun.
Awan-awan malaku-mlaku
BalasHapusArep meyang omahmu
Kanggo ngarap tugas b,jawa
Neng warnet ngarep omahmu
Kanca-kancaku wes podo nunggu
Aku karo kowe ayooo dang mangkat
Selak di seneni pak guru
PETENGING WENGI
BalasHapussumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu
gawe tambah kekesing angin sore
tumlawung rasa kang ngulandara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi
lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ? ***
PEPADANG BAKAL TUMEKA
BalasHapusangrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan
mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun
bumi kang kapidak kebak sinengker
anggawa ganda bacin
manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore
peteng kang gemuleng ing angganing manungsa
wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
kanggo kita sami jalma manungsa
kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun
amadhangi sakendhenging jagat raya
mara gage kita sami tumenga ing angkasa
mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
mangestu nampi pepadhang .....
Anjrah ingkang puspito arum
BalasHapusKatiyuping samirono mrik
Sekar gadung
kongas gandanyo
Maweh Raras
Renaning ndriyo
PADANG BAKAL TUMEKA
BalasHapusangrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan
mecaki lurung lurung kang dawa satenPEgahing ara-ara samun
bumi kang kapidak kebak sinengker
anggawa ganda bacin
manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore
peteng kang gemuleng ing angganing manungsa
wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
kanggo kita sami jalma manungsa
kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun
amadhangi sakendhenging jagat raya
mara gage kita sami tumenga ing angkasa
mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
mangestu nampi pepadhang .....